Laman

11 March 2016

"Mlaku" Bae Dhisit...Mengko Tuli Ketemu.....!

Mlaku bae dhisit...tuli mengko ketemu ngelmune. Temindak dhisit mengko mesti bisa. Ning ya tetep nganggo perhitungan. Saora-orane ya nganggo perkiraan sing mandan pas. Ya bener kaya kuwe.

Jalaran angger ora mlaku, emoh njajal, wedi mbok ora teyeng...ya malah ora teyeng temenan. Mulane kudu wani..njajal dhisit. Umpamane wis njajal tapi urung teyeng ya ora apa-apa, angger ora kapok ya njajal maning terus nganti teyeng.

Ibarate bayi blajar mlaku. Tembene ya di titah dhisit...terus di godogi nganggo slendang...suwe-suwe di culna dhewek. Senajan pas di culna dhewek, nyatane sering tiba...tapi ya ora kapok-kapok. Pas tiba ya nangis....ning di jajal maning. Nganti suwe-suwe bisa mlayu dhewek. Mlayu be teyeng...apa maning  mlaku...sipil lah.

Angger nang tembang macapat ana sing arane tembang Pucung. Sing syaire unine kaya kiye :

  • Ngelmu iku kalakone kanthi laku
  • Lekase lawan kas
  • Tegese kas nyantosani
  • Setyo budyo pangekese dur angkoro
Ngelmu kuwe kelakone angger di praktekna kaya kuwe. Angger elmumung di waca thok ya urung dadi elmu sing bener-bener elmu. Kira-kira kaya kuwelah isine. Angger arep di werdikean sing lewih jero ya takon maring Pak Guru basa jawa kana.

Gegayutane karo bisnis impestasi ya padha. Aja kapok angger tau melu ning urung ulih asil. Di jajal maning,mbok menawa siki rejekine njenengan. Kit wing inyong wis sering-sering posting bab komunitas us2us sing wis ngadeg molai tanggal 20 Juli 2015. Eh...mbok rika arep padha melu ya ngeneh telp.inyong apa ninggali komentar nang ngisor  kene.

Sedurung gabung tonton dhisit kiye video penjelasane. Carane kepriwe koh deneng impestasine ana harapan bisa maju. Kiye aja keliwat videone tonton ya.






No comments:

Post a Comment