Laman

8 March 2016

Basa Ngapak Pancen Kepenak..!

Basa ngapak pancen kepenak temanan. Mblaketaket banget pokoke. Angger kemutan dhagelane Peang Penjol, apa lawak curanmor, apa antonim, ya kaya kuwe logate basa ngapak mBanyumasan. Angger nang crita wayang ya kae swarane Bawor. Apa maning angger sing ndalang almarhum Kaki Gino. Jan....mantep temenan. Cocog banget pokoke...!

Wis tau mbok nonton lawak antonim...? Angger urung tau ya jajal tiliki disit kiye video sekang yutub mesti bakal ngakak ora uwis-uwis.

Ning mengko angger wis nonton vidio wis pada gemuyu, ya aja klalen nyambut gawe maning. Sing arep ngarit ya cepetan ngarit mbok arep udan, mengko kudanen. Apa sing arep macul...eh..siki sih wis ora nana sing macul mbok ya. Wis padha karo traktor kabeh gole macul. Kepenak tuli embok macul karo mesin....

Angger wis ora macul...rika padha nyambut gawe apa ? Wis padha impestasi bae...wong siki wis padha maju pikirane. Emoh macul mendhing impestasi koh. Ora rekasa, ulih dhuwit...!

Wis dhisit ya padha medang sing kepenak ngonoh...!






1 comment: