Laman

8 March 2016

us2us vs Jawa Ngapak...

Assalamu'alaikum wr.wb

Us2Us bahasa Inggris, kalau ini basa jawa Ngapak asli. yang tahu ya orang Ngapak saja....

Sedulur-sedulur, ayu ngeneh pada ngumpul...dopokan dhisit.... Sing agi macul ya liren dhisit, sing agi ngarit, matun, mancing ya ngaso dhisit ngeneh....

Kaya kiye...tuli siki wis akeh kabar jere wong-wong pada impes..impes kae ulihe duit akeh..., kerjane kepenak..., jan pokoke ora ngrekasa pisan. Ning ya akeh temenan sing jebulane impestasine bodong. Jan nglomboni temenan.

Dhong tembe bukak si iya...bonuse lancar...samben wulan mesti pencungul bonuse metu....! Ning suwe-suwe seret...terus malah mandheg greg....jan bonuse langka sing metu maning. Lha sing melasi ya sing tembe ndaftar....modale bae urung bali...kantor impese wis tutup di goleti wonge ya angel ketemune.

Ning ya jenengane usaha ya langka kapoke. Wis tau rugi ya di jajal maning. Contone angger wong tani umpamane...siki nandur pari modale 10 juta. Bareng panen koh mung ulih pitung juta. Secara itung-itungan tuli tuna telungjuta. Ning ya ora kapok, ngko taun ngarep ya nggarap sawah maning, nandur pari maning. Moga-moga ora tuna.....!

Lha..semono uga impestasi...ya ora perlu kapok. Sing perlu di tliti disit sisteme kira-kira apik apa ora. Angger kira-kirane apik ya di jajal maning. Angger esih ragu ya aja akeh-akeh dhisit impes-e. Dadi umpamane urung kabagian bathi sing gede ya ora apa sepethil bae. Modal cilik ya trima ulihe cilik. Angger tuna ya cilik....

Jajal angger ngersak na kono di tiliki dhisit videone kiye link-e nang ngingsor kiye :

Semanten riin nggih, maturnuwun.....................





2 comments: